Waosan : Lukas
22:14-23 (ayat 19)
Para Kinasih
Arabella Katherine “Kate” Hankey, satunggaling
penulis lagu lan missionaris. Piyambakipun lair tanggal 12 Januari 1834 ing
kitha Clapham, Middlesex, Inggris lan
pejah tanggal 9 Mei 1911 ing London, Inggris. Brayatipun punika mirunggan
bapakipun, remen nulis lagu lan dados missionaris temah kawontenan punika
ingkang njalari Kate nindakaken tanggel jawab lan karemenan ingkang sami. Bapakipun
nggadahi jabatan minangka Banker ing Inggris, jaman semanten, brayatipun Kate
kalebet brayat ingkang sugih. Ananging
ing sela-selaning wekdal utawi ugi nalika nyambutdamel, bapakipun remen nyerat
lagu lan nindakaken pawartosing Injil. Mboten namung bapakipun, ibukipun lan
sedaya brayatipun sami martosaken Injil ugi. Kawontenan lan tuladha ingkang
katedahaken brayatipun punika ingkang njalari Kate ugi lajeng nggadahi
karemenan lan tanggel jawab ingkang sami.
Nalika umur 18 tahun, Kate pindah dhateng London
lan mulang Alkitab dhateng para pawestri ingkang nyambutdamel ing pabrik. Kate
nggadahi semangat makantar-kantar martosaken pangandkanipun Gusti dhateng
tiyang-tiyang punika. Namung nalika Kate ngancik umur 30 tahun, piyambakipun
nandhang sakit ingkang awrat lan dening dokter kasuwun istirahat 20 wulan
laminipun. Dinten-dinten nalika nandhang sakit, Kate namung wonten ing
patileman, namung senajan mekaten, Kate mboten lajeng semplah. Piyambakipun
tetep martosaken Injil, kanthi cara nyerat puisi lan damel lagu.
Satunggaling puisi ingkang kaserat ngemu suraos,
piyambakipun kangen martosaken kabar kabingahan utawi kangen nyariosaken Gusti
Yesus lan pakaryaning kamulyan lan katresnanipun Gusti. Puisi Kate Hanke,
kaserat 2 perangan inggih punika "The Story Wanted" lan "The
Story Told". Saking puisi punika lajeng kalairaken lagu kanthi jejer "I
Love To Tell the Story" sedaya
dipundamel piyambak dadosa lirik lan not-ipun.
Lagu punika sampun kajarwakaken ing kathah basa
kelebet Indonesia, dening Yamuger (Yayasan Musik gereja) ing taon 1981. Kita
saged manggihaken lagu punika ing Kidung Jemaat 427 kanthi Jejer ‘KU SUKA
MENUTURKAN”
Para kinasih
Gusti Yesus ing ndalu dungkap sinalib, ing
salebeting ngawontenaken kembul bujana pungkasan, ugi ngandika dhateng para
muridipun “22:19 Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau
kaparingake marang para sekabat kalawan ngandika: “Iki badanku kang kaparingake
marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”
Mila lumantar pangandikanipun Gusti Yesus ingkang
mekaten, kembul bujana tansah katindakaken dening para murid lan pasamuwan
wiwitan minangka pepenget lan cara nyariosaken pakaryanipun Gusti ingkang
Agung. Ngantos ing jamanipun para rasul lan pasamuwan wiwitan lampahing kembul
bujana punika mboten satungaling perkawis “remeh-temeh” lan biyasa kemawon,
ananging perkawis ingkang kedah kita papanaken ing punjering gesang minangka
pasamuwanipun Gusti.
Sampun ngantos kelampahan kadosdene jamanipun
pasamuwan wiwitan ing kitha Korinta. Ingkang sami kembul bujana ananging kanthi
sawiyah-wiyah lan tanpa raos kepingin nyariosaken pakaryaning Allah ing gesang
pribadi, pasamuwan punapadene dhateng jagad. Rasul Paulus ngantos ngandika: “Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kok
enggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah,
sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake
marang kowe? …………….”(I Kor 11:22).
Para kinasih
Kanthi makaten, kembul bujana mengeti
pangurbananipun Gusti punika mboten namung bab nampi tetedhan roti lan unjukan
anggur ananging bab ngengeti pakaryanipun Gusti lan nyariosaken malih ing
gesang padintenan. “Awit saben-saben kowe padha mangan roti iki sarta ngombe ing tuwung
iki, iku ateges kowe padha martakake sedane Gusti nganti tumeka ing rawuhe.” (I
Kor 11:26).
Mila sumangga kita sami nyawisaken manah
sakderengipun nampi sakramen bujana mboten namung supados kita pantes nampi
roti lan anggur ingkang ngibarataken sarira lan rahipun Gusti. Ananging supados
kita ugi kasagedaken martosaken seda, wungu lan rawuhipun ingkang kaping kalih
ing gesang padintenan. Amin.