Friday, January 20, 2017

Wedi Asih Marang Gusti Allah

Firman: Wulan Bebasan 14:26 ”Ing sajroning wedi asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.”

Pasamuwan kagunganipun Gusti

Wulan ngajeng punika wulan oktober. Miturut kalender kegiatan Sinode GKJ, wulan Oktober punika kegiatan wulan brayat semanten ugi kita sami katimbalan kembul bujono. Lumantar kegiatan punika kula lan panjenengan ingkang gesang ing satengahing brayat kaengetaken gesanging bebrayatan miturut kersanipun Gusti Allah. Lumantar kegiatan punika kita kaanyaraken malih janjining neningkahan ingkang nate kita tedahaken nalika miwiti bangun brayat. Kita sami kaajak ngraos-raosaken malih kadospundhi kedahipun kita nglampahi gesang minangka brayat kagunganipun Gusti ing tanggeljawabipun. Mila supados kita ngrumaosi kanthi lebet bab bangun brayat miturut kersanipun Gusti, kita perlu ngakeni kalepatan selaminipun kita mbangun brayat. Kinten-kinten kalepatan punapa ingkang asring katindakakaken dening brayat kula lan panjenengan
  1. Minangka jejering Semah kaliyan garwa mboten sami ajen-ingajenan, sabendinten sami regejegan. Gesanging katresnan ingkang kedahipun katuwuhaken sabenwekdal malah sangsaya luntur lan risak. Ingkang jaler asring nglepataken ingkang estri, kosokwangsul ingkang estri mboten saged njagi naminipun ingkang jaler.
  2. Mboten saged dados tuladha dhateng anak-anak ing bab tetembungan, sikap lan ing lampah.
  3. Namung nengenaken kajasmanen katimbang karohanen. Awis-awis ngajak brayatipun sowan dhumateng Gusti dadosa ing mesbyahing brayat punapadene ngibadah ing satengahing pasamuwan.
  4. Mboten saged njagi kasucening brayat, ing bab njagi sesambetan antawisipun semah lan garwa, tiyang sepuh dhateng anak-anakipun.
  5. Anak-anak sami wantun kaliyan tiyang sepuhipun lan negakaken gesangipun tiyang sepuh.
  6. Senajan sampun bebrayatan taksih namung nengenaken karemenanipun piyambak katimbang karemenaning brayat. Karemenan ingkang njalari nglirwakaken tanggel jawab nggatosaken brayatipun, lsp.
  7. Mboten purun ngrampungi perkawis-perkawis ingkang dipunadhepi dening brayat kanthi sesarengan, ananging malah nglepataken semahipun utawi garwanipun.


Kamangka janjining ningkah kula lan panjenengan ngandikakaken ingkang mekaten : (Janji Nikah Kawaos kanthi intonasi kang cetha lan mboten kesesa)

Wonten ing ngarsanipun Gusti Allah tuwin Pasamuwan Kristen ing ngriki, kula ngakeni bilih .......................menika sèmah kula, peparingipun Gusti Allah. Kula prajanji badhé tansah nresnani lan mitulungi, sarta badhe tansah setya tuhu ing salebeting bingah menapa déné sisah, netepi kuwajibanipun tiyang (jaler/estri) ingkang utami. Kula lan sémah kula badhé tansah ngabekti dhateng Gusti Allah, lan gesang suci kanthi netepi Pangandikanipun.

Janji Nikah punika janji ingkang kaprasetyakaken ing ngarsanipun Gusti Allah tuwin pasamuwanipun Gusti. Kanthi mekaten anggenipun mratelaken janji lan nindakaken janji punika kedahipun tansah kinanthenan ajrih asih dhumateng Gusti Allah. Raos ajrih asih dhumateng Gusti punika tuwuh nalika tiyang ngrumaosi bab kasucen, kaadilan lan kayektenipun Gusti Allah. Temah piyambakipun mbudidaya ngeneraken gesangipun dhumateng Gusti kanthi raos pakering. Saben wekdal njalari ing salebeting pambudidayanipun, kepingin supados mboten ngantos nguciwani gesangipun, gesanging tiyang ingkang dipuntresnani lan dhumateng Gusti Allah.

Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti
Raos ajrih ingkang mekaten kedah ugi dados landesan gesanging brayat kagunganipun Gusti.
  • Kanthi ajrih asih dhumateng Gusti, tiyang jaler lan tiyang estri minangka jejering semah lan garwa badhe tansah mbudidaya tanggel jawabipun miturut kersanipun Gusti, samidene tansah silih asih, silih asuh lan silih asih miturut pangandikanipun Gusti.
  • Kanthi  ajrih asing dhumateng Gusti, tiyang sepuh tansah mbudidaya nggatosaken anak-anakipun senadyan kedah sengkut nyekapi kabetahan. Nggatosaken ing bab kajasmanenipun mirunggan ing bab karohanenipun. Mbudidaya dados tuladha dhateng para lare.
  • Kanthi ajrih asih dhumateng Gusti kados ingkang kapangandikaken ing wulang bebasan 14:26 ”Ing sajroning wedi asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.”

Kanthi tembung sanes, brayat ingkang ajrih asih dhumateng Gusti punika brayat ingkang tansah nindaken katetepaning pangandikanipun Gusti ing gesang saben wekdal.

Menawi mbokbilih ngantos sepriki kita taksih sengaja utawi tanpa sengaja nglirwakaken tanggel jawabing brayat, lan menawi brayat kita taksih dereng nindakaken katetepaning pangandikanipun Gusti ing gesang saben wekdal, sumangga sesarengan lumantar timbalanipun Gusti ing pendadaran punika  sesarengan kita ngakeni kalepatan kita. Sinambi nyenyuwun dhumateng Gusti supados kasagedaken langkung malih nresnani gesanging brayat miturut kersanipun Gusti.



Amin

Ngriyaya Gesang ingkang nampi berkah kawilujengan

Waosan : Jabur 107:1-3, 17-22

Para Kinasih ing patunggilanipun Gusti
Punapa panjenengan sedaya taksih kemutan nalika kalawau enjing tangi saking patileman: suku ingkang sisih kiwa punapa ingkang sisih tengen ingkang langkung rumiyin obah? Nalika suku utawi badan sanesipun saged obah, punapa kita ugi lajeng kemutan dhateng Gusti Allah lan ngucap sokur dhumateng Panjenenganipun?
Ngucap sokur katedahaken mboten namung nalika kita sami nampi berkahipun Gusti ingkang karaos ageng lan ngedap-edapi kemawon, ananging ugi ing bab-bab ingkang prasaja lan saben wekdal katindakaken ing gesang kita. Menawi kita saged ngucap sokur ing bab mekaten mesthi kita sami badhe tansah kasagedaken ngaturaken panuwun ing sadhengah kawontenan ingkang pinanggih.
Gusti Allah punika asih mirma, sihipun tansah lumintu ing gesanging umat kagunganipun kalebet kula lan panjenengan saben-saben wekdal. Punapa malih lumantar pakaryan kawilujengan ingkang sampun kaparingaken dhateng umat kagunganipun. Kita sami nampi gesang ingkang kebak ing pangajeng-ajeng lan kabingahan. Mila pantes menawi kula lan panjenengan bilih gesang ingkang kita lampahi kedah kinanthi pangucap sokur dhumateng Gusti.

Para kinasih
Juru Mazmur ngajak umat kagunganipun Gusti nanggepi pitulungan lan kawilujengan ingkang kaparingaken kanthi ngaturaken pangucap sokur dhumateng Panjenenganipun. Iman kapitadosan ingkang dados landhesaning gesang umat kagunganipun kedah kawujudaken ing salebeting kasanggeman nyariosaken pakaryanipun Allah kanthi pepujen (ngriyaya gesang ing saben wekdal).
Jabur bab 107 punika kalebet Mazmur ingkang kaserat nalika bangsa Israel wangsul saking tanah pangawulan Babel, lan mazmur punika minangka pepujen umat kagunganipun Gusti. Ingkang isinipun arupi pangucap sokur awit sih kanugrahanipun Gusti ingkang sampun tinampi. Umat kagunganipun Gusti ingkang nembe wangsul saking tanah pangawulan kaajak sami ngucap sokur.
Juru Mazmur ngengetaken dhateng umat kagunganipun bilih, bangsa punika bangsa ingkang nembe katebus dening Gusti Allah saking kawontenan ingkang nggegirisi. Saking waosan punika kita saged ningali sekawan conto ingkang kaserat inggih punika :
  • Bilih Gusti Allah ingkang tansah nggatosaken gesangipun umat saking panandhang-panandhang ingkang awrat (ayat 4-9)
  • Gusti Allah sampun ngluwari saking gesang ingkang dipunkuwaosi dening pangawulan (ayat 10-16
  • Gusti Allah ugi ingkang sampun mangsulaken kawontenaning gesang bangsa ingkang nampi pageblug penyakit lan sami badhe tiwas (ayat 17-22)
  • Semanten ugi Gusti Allah ingkang sampun ngluwari saking bencana angina lesus (23-32)

Perkawis-perkawis ingkang dipunalami dening bangsa Israel nalika semanten punika sejatosipun ugi kita adhepi wekdal punika. Kathah perkawis ingkang njalari kita kapetek, kalindih lan ngraosaken panandhang awrat. Namung Puji Gusti awit sih katresnanipun Gusti Allah lumantar pangurbananipun Gusti Yesus, sedaya punika dipunluwari.
Malah kepara ing dinten-dinten ingkang sampun kita lampahi ing gesang saben wekdal, pangrimatipun Gusti Yesus mboten nate nilar kula lan panjenengan. Pramila, nalika sakpunika kita sami katimbalan cecawis ndadar badan kita piyambak-piyambak sakderengipun nampi sakramen suci. Kita perlu paring pitakenan dhateng diri kita sacara pribadi, punapa kita tansah ngucap sokur dhateng Gusti Allah ing sadengah kawontenan ingkang dipunadhepi?

Puji Gusti, awit ing wekdal punika kita sami cecawis badhe sesarengan ngriyaya malih Pakaryanipun Gusti lumantar sakramen bujono ingkang badhe kita tampi sesarengan. Kita kedah ngucap sokur awit nyatanipun ngantos dumugi wekdal punika Gusti Allah tansah nresnani kula lan panjenengan, senajan tumindaking gesang kula panjenengan asring cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Kita kedah atur panuwun awit senajan kita kebak cidra, ananging Panjenenganipun tansah nampi kita dados umat kagunganipun. Semanten ugi kita kedah wantun ngakeni kekirangan kita ing ngarsanipun Allah supados pecawisan lan pambujanan suci ingkang sampun kacawisaken estu dhatengaken kanugrahan tumrap gesang kula lan panjenengan. Amin.

Rahayu Ingkang Kaapura Panerake

Firman : Mazmur 32:1-6

Pasamuwan ingkang kinasih
            Ing sauruting gesang, kita temtu nate ngalami lan ngadhepi satunggaling perkawis ingkang njalari raos lepat (perasaan bersalah). Sesambetan kaliyan perkawis punika wonten satunggling tiyang ingkang nami Sarah Winchester. Piyambakipun gesang ing California–Amerika, lan manggen ing griya warisan ingkang ageng sanget. Griya warisan punika gadahanipun marasepuh ingkang nggadahi perusahaan bedhil (senapan) rakitan ingkang kawentar nalika semanten.
            Lumantar warisanipun marasepuh, piyambakipun mboten nate malih ngraosaken kekirangan. Ananging piyambakipun ngraosaken lepat lan dosa njalari tuwuhing raos ajrih menawi sawekdal-wekdal badhe dipundhatengi dening tiyang-tiyang ingkang pejah awit bedhil rakitan ingkang kadamel dening brayatipun punika. Raos dosa lan ajrih punika lajeng nuwuhaken pamikiran. Hing pamikiranipun, supados arwahipun tiyang ingkang sampun pejah mboten manggihi piyambakipun menawi griya punika dipunrenovasi (dibangun). Mila renovasi griya punika kawiwitan saben dinten selaminipun 38 tahun.
Kados pundhi wujuding renovasi tumrap griya punika?
Lawang-lawang ingkang kathah punika wingkingipun dipun tutupi tembok; Andha ingkang nyambetaken antawisipun tingkat setungal lan tingkat sanesipun mboten dipundamel gandheng, cendhela-cendhelanipun ugi dipun tutup rapet supados mboten saged dipunbikak. Kamangka griya ingkang nggadahi 160 ruangan, 48 ruang kangge ngangetaken badan (perapian), 8 jogan kabangun ing tanah ingkang wiyaripun watawis 3 hektar. Hing Taun 1922, Sarah tilar donya ing umuripun ingkang ngancik 85 tahun, griya punika sampun nggadahi 10.000 cendela lan 2000 lawang. (sumber: http://gerryindrapratamaatje.blogspot.co.id/2013).
Punapa lajeng Sarah Winchester ingkang ndelik ngantos 38 tahun ing salebeting griya ageng ngraosaken tentrem lan uwal saking raos lepat lan dosa?
Para kinasih
Punapa ingkang dipunraosaken lan ingkang dipunlampahi dening Sarah ngantos dumugi pejah…punika ugi ingkang dipunraosaken dening Dawud ing waosan wekdal punika. Bentenipun,  Prabu Dawud mboten mbangun tembok, mboten ndamel candela ingkang angel dibikak, ananging ngraos-raosaken perkawis punika ing alandhesan pitadosipun dhumateng Gusti. Temah nggadahi pangaken :
“Rahayu wong kang kaapura panerake, kang dosane kaaling-alingan! Rahayu wong kang durakane ora kaetang dening Yehuwah, sarta kanga tine ora kadunungan cidra!”
            Rahayu….menawi kita saged uwal saking raos lepat lan dosa. Namung, temtu punika perkawis ingkang mboten gampil. Awit tumindak ingkang njalari raos lepat lan dosa punika mboten badhe saged kasupekaken, dipun ewahi punapadene dipunicali ing manah lan pangangen-angen. Ananging menawi raos lepat lan dosa punika namung kakendelaken utawi malah dipuntutupi kadosdene Sarah kalawau ugi malah sangsaya metek manah lan kapitadosan. Prabu Dawud paring pitedah lan tuladha dhumateng kita sedaya, raos lepat lan dosa punika kedah dipunakeni, kabuki (ayat 5a – Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula mboten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,”).
            Kenging punapa kita kedah ngakeni dosa lan kalepaten ing ngarsanipun Gusti? Awit Panjenenganipun ingkang kersa paring pangapunten tumrap sedaya dosa lan kalepatan kita. Panjenenganipun ingkang asih mirma, senadyan manungsa sampun nerak paugeranipun Gusti ananging, Panjenenganipun tetep nresnani umatipun. Malah kados ingkang kapangandikakaken ing ayat 6 “Paduka ingkang dados pasingidan kawula, Paduka nebihaken kawula saking karibedan, Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak.”
Awit saking punika pasamuwan kagunganipun Gusti
Salebeting kita nglampahi gesang taksih kepambeng lan kapethek ing raosing dosa lan kalepatan awit pancen panerak kita, sumangga kita purun ngakeni lan mbuka manah nyuwun pangapunten dhumateng Gusti. Punapa malih kita badhe nampi sih katresnanipun Gusti ing salebeting kembul bujana mengeti sangsara, seda lan wungunipun Gusti. Sumangga ing wanci punika kita sami ngucap:

“ Gusti Allah…kawula tiyang dosa, asring nerak paugeran Paduka, kawula asring mbalela. Ananging dhuh Gusti kawula lingsem lan ngakeni panerak, dosa lan duraka kawula dhumateng Paduka. Kawula nyuwun, supados supados ing salebeting pecawisan bujana punika, Paduka kersa paring pangapunten lan ngiyataken kawula supados saged ngawonaken patraping dosa ing tumindak kawula.”  Amin

Aku Wus Ketemu

Waosan : Injil Yokanan 1:35-42

Pasamuwan ingkang kinasih
Sekedhap malih kita badhe ndherek kembul bujana ing mejaning pambujanan. Sekedhap malih kita badhe nampi roti lan anggur ingkang dados lambang sarira lan rahipun Gusti Yesus. Sekedhap malih kita ugi badhe ngraosaken roti tawar ingkang radi manis ing tutug lan anggur ingkang saged njalari ceguken ing jangga. Sekedhap malih kita ugi badhe nglampahi ritual ibadah ngriyaya sakramen bujana suci ngenget-enget sedanipun Gusti awit pangurbananipun dhateng kita sedaya. Mbokbilih sekedhap malih kita tuwuh pangangen-angen ingkang biasa malih bab tumindaking bujono suci ingkang saben-saben kaladosaken ing satengahing pasamuwan.

Namung napa mekaten pamawas kita bab sakramen bujono suci ingkang saben-saben kita lampahi sesarengan?

Kados ingkang kaserat ing ayat 35 lan 36 “Esuke Nabi Yokanan jumeneng ana ing papan kono maneh, karo sekabate loro. Nalika padha weruh Gusti Yesus langkung. Nabi Yokanan ngandika : “Lah iku Cempening Allah!”. Sampun rambah kaping kalih Yokanan pambaptis ngandika bilih Gusti Yesus punika cempening Allah (ingkang sepisan ing Yokanan 1:29). Ingkang kaping kalipun ing sakngajenging kalih muridipun anggenipun atur paseksi sinten Gusti Yesus punika. Punapa ingkang njalari Yokanan ngandika mekaten? Ingkang cetha punika paseksining iman pribadinipun Yokanan saksampunipun pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, sami kadosdene paseksining iman bangsa Israel sedayanipun bab pangajeng-ajeng dhateng rawuhipun Sang Mesih. Kaping kalih sesambetan kaliyan ingkang lajeng katindakaken para murid nalika lajeng sami dherek Gusti Yesus. Ateges tembung punika ugi nekseni lan dhawuh dhateng para murid supados ndherek panjenenganipun ingkang sampun kaantu-antu dening sedaya manungsa.
Ananing saksampunipun kalih murid punika ngetut wingking panjenenganipun, Gusti Yesus ngandika “kowe padha golek apa?”. Pitakenan punika mboten pitakenan ingkang remeh, ananging bebles sanget sambetan kaliyan motivasi pangajeng-ajeng mesianik dening sedaya tiyang Israel. Gusti Yesus ngersakaken supados kalih murid punika ugi mangertos saestu punapa ingkang dados kabetahanipun saksampunipun nilar Yokanan lajeng dherek Gusti Yesus. Gusti Yesus ngersakaken supados kalih murid punika (salah satunggalipun nami Andreas) mangertos kasunyatan punapa ingkang badhe tinampi saksampunipun ndherek panjenenganipun. Kados ingkang kaaturaken lan katindakaken dening para murid kita saged mangertosi sepinten adreng lan betahipun para murid dhateng juruwilujenging gesang inggih Gusti Yesus. Paseksinipun Andreas ingkang kaserat ing ayat 41 “Dhisike Andreas ketemu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani: “Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese : Kristus)”.

Para kinasih
Paseksi ingkang kados mekaten ingkang perlu dados kawigatosan kita sedaya. Menawi pasamuwan sampun kanthi estu ndherek Gusti sampun ngantos dereng nggadahi paseksi “aku durung tau ketemu Gusti”. Lajeng kadospundhi supados kita nggadahi paseksi kadosdene Andreas?
Ing ayat sakderengipun kapangandikakaken : “……..sarta ing dina iku banjur padha tetunggalan karo panjenengane……..” kuncinipun wonten ing ayat punika (ay.39), tetunggilan kaliyan Gusti Yesus. Tetunggilan kaliyan Gusti Yesus ateges gesang sesarengan kaliyan panjenengan, gesang miturut dhawuhipun lan sampun nerak paugeranipun, gesang ingkang kados katindakaken dening Gusti Yesus, gesang ingkang wanuh lan mbangun sesambetan ingkang “mesra” kaliyan panjenenganipun. Kanthi mekaten kita sedaya minangka umat kagunganipun Gusti badhe ngraosaken bentenipun gesang minangka umat kagunganipun. Kita sedaya minangka umat kagunganipun Gusti badhe tansah nggadahi paseksi ingkang maedahi tumraping sesami. Semanten ugi nalika kita sami nampi bujono suci, sakramen bujono punika alat (sarana) ingkang kaparingaken dening Gusti tumrap kita. Tumrap kita ingkang kanthi estu ngayati pakaryanipun Gusti Yesus. Kados ingkang kaserat ing Pokok-pokok Ajaran GKJ (Dogma GKJ) pitakenan nomer 136 Sakramen bujono katindakaken minangka pangrimating iman dhateng pasamuwan supados pasamuwan tansah ngengeti dhateng Gusti Yesus ingkang sinalib, ngengetaken dhateng pasamuwan bilih kita sedaya punika minangka brayating Gusti lan ngengetaken kasampurnaning prasetyanipun Gusti Allah.

Para kinasih

Mila sumangga sesarengan kanthi manah ingkang keduwung lan estu nyawisaken diri anggen kita badhe nampi sakramen bujono. Supados mboten namung ngraosaken roti ingkang manis ing tutug lan anggur ingkang nyegeraken (anget) badan. Ananging lumantar roti lan anggur saged ngraoken saestu bilih Gusti ngiyataken lan ngagem kita dados seksinipun. Amin. 


Cathetan:
Bahan Punika kaagem kangge pendadaran sakderengipun nampi Sakramen bujono

Tuesday, January 3, 2017

Wong Cilaka Aku Iki

Firman  : Rum 7:13-26

Pasamuwan Ingkang Kinasih
Nalika Marthin Luther taksih dados Rahib, piyambakipun nate njalari anyel Rama ingkang ngladosi pangakening dosa. Kenging punapa? Awit mboten kadosdene Rahib sanesipun ingkang sami ngakeni dosa namung mbetahaken wekdal 5-10 menit, Marthin Luther ngakeni dosa ngantos dumugi 6 jam tanpa leren. Punapa ingkang dados isining pangakening dosa ngantos semanten laminipun? Marthin Luther ngandikakaken bilih perkawis sesambetan lamphing dosa punika perkawis ingkang awrat lan mbetahaken kawigatosan langkung katimbang perkawis sanesipun.
Punapa ingkang katindakaken lan dados pamikiran Marthin Luther punika, kosokwangsul kaliyan pamikiran tiyang sakpunika. Kathahipun tumindak korupsi, raja pati, ngandhut sakderengipun ningkah, lsp, kados dipunanggep limrah. Perkawis-perkawis ingkang sejatosipun awrat ing sesambetanipun kaliyan lampahing dosa kaanggep biasa mawon dening tiyang jaman sakpunika.
Mila pitakenanipun dhumateng kita sedaya, sepinten anggen kula lan panjenengan sami ngrumaosi bilih kita punika sampun kasade dhateng panguwaosing dosa (ayat 14) ? Dosa punika kagambaraken kadosdene sel Kanker ingkang sesidheman nyebar dhateng sedaya raga kita. Menawi kita daya kita ringkih sangsaya rikat anggenipun nguwaosi badan kita. Rasul Paulus ugi ngakeni bilih piyambakipun mboten kuwaos ngadhepi tumindaking dosa ing dirinipun. Ing ayat 24 Rasul Paulus ngandika : “Wong cilaka aku iki! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehane pati iki?”.
Pasamuwan kagunganipun Gusti
Tumraping Gusti Allah, panguwaosing dosa punika perkawis ingkang mirunggan lan nggegirisi, mila nalikanipun manungsa ingkang sepisanan kinarya, Panjenenenganipun enggal-enggal madosi Bapa Adam lan Ibu Kawa. Kanthi tujuan supados manungsa ingkang sampun dhumawah ing dosa punika mboten risak lan gesang tanpa pangajeng-ajeng. Ing Purwaning Dumadi 3:9 Gusti Allah paring pandangu “Sira ana ing ngendi?”.
Semanten ugi nalika Gusti sampun mbangun sejarahing bangsa Israel lan nemtokaken bangsa punika dados umat pilihanipun, saben-saben Panjenenganipun tansah nggatosaken umatipun supados kawon kaliyan panguwaosing dosa.
Hing puncaking pakaryanipun Gusti Allah, Panjenenganipun ngutus kang Putra supados ngrembat panguwaosing dosa. Tujuanipun supados manungsa kapulihaken malih gesangipun lan sesambetanipun kaliyan Gusti Allah.  Awit selaminipun umat ingkang pinilih dipun tuntun lan dipunwulang dening Gusti Allah lumantar pangandika lan paugeranipun tetep mboten saged uwal saking panguwaosing dosa. Mila menawi kita gatosaken kanthi estu, Si DOSA punika pancen saestu nggegirisi tumrap gesanging manungsa kalebet kula lan panjenengan.
Perkawisipun, senajan kula lan panjenengan sampun katedahaken bilih SI DOSA punika nggegirisi , ananging punapa kita ugi ngakeni bilih dosa punika pancen nggegirisi? Jawabanipun punika kados ingkang kaserat ing ayat 22 lan 23 “Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah, nanging gegelitaning badanku kadunungan angger-angger liya kang narungi angger-anggering akal budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggere dosa kang dedunung ana ing gegelitaning badanku”
Amargi kawontenan ingkang mekaten mila Rasul Paulus kalawau ngandika : wong cilaka aku iki!
Puji Sokur kedah tansah kita aturaken dhateng Gusti, inggih awit katresnanipun dhumateng kula lan panjenengan, Gusti Allah kersa ngutus kang Putra supados paring kanugrahan kawilujengan sejati temah kita sami nampi gesang langgeng. Senajan ing sauruting lampahing gesang kita ing jagad punika mbudidaya murih gesang suci perkawis ingkang mboten gampil. Lumantar Sang Kristus Yesus kita sami nampi prasetyan langgeng ingkang mboten saged malih dipunrebat dening panguwaosing dosa.
Namung perkawisipun, sepinten anggen kita nggadahi pakering dhumateng pangurbanipun Gusti Yesus lan mbudidaya njagi kasucening gesang tumrap samukawis perkawis ing gesang kita?
Sumangga lumantar pecawisan ing bujono suci punika kita estu nggetuni lampahing dosa kita lan nyuwun pitulunganipun Gusti supados kita ugi nggadahi pangaken kadosdene pangakenipun Rasul Paulus, ayat 25 “Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.”

Amin.

SINOPSIS FILM RISEN

"Risen" adalah sebuah film yang mengisahkan tentang peristiwa kebangkitan Yesus Kristus dari sudut pandang seorang tentara Romawi ...