Saturday, January 26, 2019

BAHAN PENDADARAN


Waosan : Lukas 22:14-23 (ayat 19)

Para Kinasih
Arabella Katherine “Kate” Hankey, satunggaling penulis lagu lan missionaris. Piyambakipun lair tanggal 12 Januari 1834 ing kitha Clapham, Middlesex, Inggris  lan pejah tanggal 9 Mei 1911 ing London, Inggris. Brayatipun punika mirunggan bapakipun, remen nulis lagu lan dados missionaris temah kawontenan punika ingkang njalari Kate nindakaken tanggel jawab lan karemenan ingkang sami. Bapakipun nggadahi jabatan minangka Banker ing Inggris, jaman semanten, brayatipun Kate kalebet brayat ingkang sugih.  Ananging ing sela-selaning wekdal utawi ugi nalika nyambutdamel, bapakipun remen nyerat lagu lan nindakaken pawartosing Injil. Mboten namung bapakipun, ibukipun lan sedaya brayatipun sami martosaken Injil ugi. Kawontenan lan tuladha ingkang katedahaken brayatipun punika ingkang njalari Kate ugi lajeng nggadahi karemenan lan tanggel jawab ingkang sami.
Nalika umur 18 tahun, Kate pindah dhateng London lan mulang Alkitab dhateng para pawestri ingkang nyambutdamel ing pabrik. Kate nggadahi semangat makantar-kantar martosaken pangandkanipun Gusti dhateng tiyang-tiyang punika. Namung nalika Kate ngancik umur 30 tahun, piyambakipun nandhang sakit ingkang awrat lan dening dokter kasuwun istirahat 20 wulan laminipun. Dinten-dinten nalika nandhang sakit, Kate namung wonten ing patileman, namung senajan mekaten, Kate mboten lajeng semplah. Piyambakipun tetep martosaken Injil, kanthi cara nyerat puisi lan damel lagu.
Satunggaling puisi ingkang kaserat ngemu suraos, piyambakipun kangen martosaken kabar kabingahan utawi kangen nyariosaken Gusti Yesus lan pakaryaning kamulyan lan katresnanipun Gusti. Puisi Kate Hanke, kaserat 2 perangan inggih punika "The Story Wanted" lan "The Story Told". Saking puisi punika lajeng kalairaken lagu kanthi jejer "I Love To Tell the Story"  sedaya dipundamel piyambak dadosa lirik lan not-ipun.
Lagu punika sampun kajarwakaken ing kathah basa kelebet Indonesia, dening Yamuger (Yayasan Musik gereja) ing taon 1981. Kita saged manggihaken lagu punika ing Kidung Jemaat 427 kanthi Jejer ‘KU SUKA MENUTURKAN”

Para kinasih
Gusti Yesus ing ndalu dungkap sinalib, ing salebeting ngawontenaken kembul bujana pungkasan, ugi ngandika dhateng para muridipun “22:19 Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sekabat kalawan ngandika: “Iki badanku kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”
Mila lumantar pangandikanipun Gusti Yesus ingkang mekaten, kembul bujana tansah katindakaken dening para murid lan pasamuwan wiwitan minangka pepenget lan cara nyariosaken pakaryanipun Gusti ingkang Agung. Ngantos ing jamanipun para rasul lan pasamuwan wiwitan lampahing kembul bujana punika mboten satungaling perkawis “remeh-temeh” lan biyasa kemawon, ananging perkawis ingkang kedah kita papanaken ing punjering gesang minangka pasamuwanipun Gusti.

Sampun ngantos kelampahan kadosdene jamanipun pasamuwan wiwitan ing kitha Korinta. Ingkang sami kembul bujana ananging kanthi sawiyah-wiyah lan tanpa raos kepingin nyariosaken pakaryaning Allah ing gesang pribadi, pasamuwan punapadene dhateng jagad. Rasul Paulus ngantos ngandika: “Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kok enggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah, sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake marang kowe? …………….”(I Kor 11:22).

Para kinasih
Kanthi makaten, kembul bujana mengeti pangurbananipun Gusti punika mboten namung bab nampi tetedhan roti lan unjukan anggur ananging bab ngengeti pakaryanipun Gusti lan nyariosaken malih ing gesang  padintenan. “Awit saben-saben kowe padha mangan roti iki sarta ngombe ing tuwung iki, iku ateges kowe padha martakake sedane Gusti nganti tumeka ing rawuhe.” (I Kor 11:26).
Mila sumangga kita sami nyawisaken manah sakderengipun nampi sakramen bujana mboten namung supados kita pantes nampi roti lan anggur ingkang ngibarataken sarira lan rahipun Gusti. Ananging supados kita ugi kasagedaken martosaken seda, wungu lan rawuhipun ingkang kaping kalih ing gesang padintenan. Amin.

SINOPSIS FILM RISEN

"Risen" adalah sebuah film yang mengisahkan tentang peristiwa kebangkitan Yesus Kristus dari sudut pandang seorang tentara Romawi ...