Firman : Yesaya 1:18
Tembung Kirmizi sumebar ing
saperangan ayat-ayat kitab Suci. Satunggaling ayat sesambetan kaliyan kirmizi
saged kapanggihaken wonten ing Kitab Yesaya 1:18 “Ayo, kita padha prakaran! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –
sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan
rupane abang kaya jarit sumba bakal pdha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.”
Dening LAI tembung kirmizi
dipungantos kanthi tembung gluga, sejatosipun menawi dipun artosaken sacara
harapiah punika aslinipun benten. Tembung kirmizi ing bahasa ibrani punika shani. Tembung shani kasambetaken
kaliyan satunggaling uler (coccus ilicis). Biasanipun nalika uler punika
ngendhog, endhogipun dipunpapanaken ing kulit uwit lan uleripun njagi
endhogipun ing sandhingipun. Nalika endhog punika netes lajeng anakipun uler
punika nedha badhanipun embogipun (uler), tundhonipun badan ingkang katedha
kalawau medal getihipun ingkang werni abrit ingkang nemplek ing kulit uwit
kalawau. Kulit ingkang kenging getihipun uler ingkang werni abrit kalawau
lajeng kaginakaken kangge maringi werni kain. Dene menawi gluga (Bausastra)
punika sesambetan kaliyan satunggaling tetuwuhan sing kena dienggo cet abang. Senajan sacara lairiah asalipun benten ananging
sami ngedalaken werni abrit (abang sumringah). LAI ngginakaken tembung gluga
punika supados kita saged nggambaraken gegambaran ingkang dipunwakili saking
tembung kirmizi.
Lajeng kenging punapa Gusti
Allah nyambetaken kirmizi (gluga) punika kaliyan dosa? Amargi dosa punika
tumindak ingkang badhe tansah tuwuh ing gesanging manungsa, wanteg lan angel
dipunicali ing gesanging manungsa. Kadosdene menawi kain sampun kawenter dening
kulit kirmizi (gluga), angel dipun wangsulaken dados pethak malih. Gegambaran
punika ngengetaken dhateng kita, kanthi jujur kedah kita akeni bilih kadangkala
senajan sampun dados umatipun Gusti, taksih nglairaken tetembungan lan
nedahaken tumindak ingkang njalari lairing dosa. Tumindak dosa angel ical
saking gesanging manungsa.
Namung kanthi pangandika ingkang
kaparingaken dhateng bangsa Israel nalika semanten, kita sami kangetaken malih 2
perkawis bilih:
1. Gusti
Allah kuwaos lan pirsa sedaya tumindaking manungsa. Panjenenganipun kuwaos mulihaken
kawontenanipun manungsa dosa dados suci malih. Panguwaosing dosa punika ageng
ing gesanging manungsa. Senajan sampun nampi Gusti Allah, senajan saben wekdal
ngibadah, senajan makempal lan nindakaken ayahaning peladosan, dosa saged
maujud ing tumindak-tumindak ingkang kabungkus karohanen, kadosdene ingkang
kelampahan ing jaman Yesaya punika. Mila Panjenenganipun ngandika “Ayo,
kita padha prakaran!.....” Tembung punika ngengetaken supados umat Israel
kelebet kita sakpunika sampun ngantos dhumawah ing dosa ing salebeting
nindakaken ayahan peladosan punapa dene gesang ing karohanen. Mboten namung
tumindak ala kemawon, ananging ugi ing tumindak sae ingkang alandhesan kangge
kauntungan lan karemenan diri pribadi mboten murni kagem kamulyanipun Gusti.
Panjenenganipun kuwaos mulihaken kawontenan ingkang mekaten.
2. Gusti
Allah Welas Asih. Pangandika ing ayat punika ugi ngengetaken welas asihipun
Gusti ing bab pangapunten. Senajan asring manungsa angel gesang ing kasucening
Allah, ananging panjenenganipun punika Allah ingkang welas asih ingkang badhe tansah
ngengetaken lan maringi kanugrahanipun ing gesanging manungsa.
Kalih perkawis punika pancen elok lan agung tumrap
gesang kita, awit saestu kawujudaken ing gesangipun Israel nalika semanten lan
dhateng kita lumantar pangurbananipun Gusti Yesus ing wekdal samangke.
Temtunipun perkawis ingkang elok lan agung punika mboten namung kita mangertosi
ananging ugi kedah kita wujudaken ing gesang padintenan. Punapa ingkang kedah
kita wujudaken ing gesang padintenan?
Ing Kitab Yesaya 1:16-17 paring pangandika : “padha wisuha, resikana awakira, edohna
panggawenira kang ala saka ing ngarsane paningalingSun. Marenana anggonira gawe
piala, padha sinaua gawe becik ngudia marang kaadilan, ngendhalenana wong kang
ambek siya; mbelanana hake para bocah lola, ngembanana prakarane para randha!. “
Gusti kuwaos lan welas asih
dhateng kita, Welas asihipun sampun kebabar lumantar pangurbananipun Gusti
Yesus. Lumantar punika kita sampun kasucekaken, ananging kita ugi mboten pareng
wangsul malih nindakaken perkawis-perkawis ingkang nyulayani kersanipun Gusti
mila kita ugi mbudidaya supados kita gesang manut kersanipun Gusti. Amin.
No comments:
Post a Comment