Waosan : Injil Yokanan 1:35-42
Pasamuwan ingkang kinasih
Sekedhap malih kita badhe ndherek kembul bujana ing
mejaning pambujanan. Sekedhap malih kita badhe nampi roti lan anggur ingkang dados
lambang sarira lan rahipun Gusti Yesus. Sekedhap malih kita ugi badhe
ngraosaken roti tawar ingkang radi manis ing tutug lan anggur ingkang saged
njalari ceguken ing jangga. Sekedhap malih kita ugi badhe nglampahi ritual
ibadah ngriyaya sakramen bujana suci ngenget-enget sedanipun Gusti awit
pangurbananipun dhateng kita sedaya. Mbokbilih sekedhap malih kita tuwuh
pangangen-angen ingkang biasa malih bab tumindaking bujono suci ingkang
saben-saben kaladosaken ing satengahing pasamuwan.
Namung napa mekaten pamawas kita bab sakramen
bujono suci ingkang saben-saben kita lampahi sesarengan?
Kados ingkang kaserat ing ayat 35 lan 36 “Esuke
Nabi Yokanan jumeneng ana ing papan kono maneh, karo sekabate loro. Nalika
padha weruh Gusti Yesus langkung. Nabi Yokanan ngandika : “Lah iku Cempening
Allah!”. Sampun rambah kaping kalih Yokanan pambaptis ngandika bilih Gusti
Yesus punika cempening Allah (ingkang sepisan ing Yokanan 1:29). Ingkang kaping
kalipun ing sakngajenging kalih muridipun anggenipun atur paseksi sinten Gusti
Yesus punika. Punapa ingkang njalari Yokanan ngandika mekaten? Ingkang cetha
punika paseksining iman pribadinipun Yokanan saksampunipun pepanggihan kaliyan
Gusti Yesus, sami kadosdene paseksining iman bangsa Israel sedayanipun bab
pangajeng-ajeng dhateng rawuhipun Sang Mesih. Kaping kalih sesambetan kaliyan
ingkang lajeng katindakaken para murid nalika lajeng sami dherek Gusti Yesus.
Ateges tembung punika ugi nekseni lan dhawuh dhateng para murid supados ndherek
panjenenganipun ingkang sampun kaantu-antu dening sedaya manungsa.
Ananing saksampunipun kalih murid punika ngetut
wingking panjenenganipun, Gusti Yesus ngandika “kowe padha golek apa?”.
Pitakenan punika mboten pitakenan ingkang remeh, ananging bebles sanget
sambetan kaliyan motivasi pangajeng-ajeng mesianik dening sedaya tiyang Israel.
Gusti Yesus ngersakaken supados kalih murid punika ugi mangertos saestu punapa
ingkang dados kabetahanipun saksampunipun nilar Yokanan lajeng dherek Gusti
Yesus. Gusti Yesus ngersakaken supados kalih murid punika (salah satunggalipun
nami Andreas) mangertos kasunyatan punapa ingkang badhe tinampi saksampunipun
ndherek panjenenganipun. Kados ingkang kaaturaken lan katindakaken dening para
murid kita saged mangertosi sepinten adreng lan betahipun para murid dhateng
juruwilujenging gesang inggih Gusti Yesus. Paseksinipun Andreas ingkang kaserat
ing ayat 41 “Dhisike Andreas ketemu karo Simon,
sadulure, banjur dikandhani: “Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese :
Kristus)”.
Para kinasih
Paseksi ingkang kados mekaten ingkang perlu dados
kawigatosan kita sedaya. Menawi pasamuwan sampun kanthi estu ndherek Gusti
sampun ngantos dereng nggadahi paseksi “aku durung tau ketemu Gusti”. Lajeng
kadospundhi supados kita nggadahi paseksi kadosdene Andreas?
Ing ayat sakderengipun kapangandikakaken : “……..sarta ing dina iku banjur padha tetunggalan
karo panjenengane……..” kuncinipun wonten ing ayat punika (ay.39),
tetunggilan kaliyan Gusti Yesus. Tetunggilan kaliyan Gusti Yesus ateges gesang
sesarengan kaliyan panjenengan, gesang miturut dhawuhipun lan sampun nerak
paugeranipun, gesang ingkang kados katindakaken dening Gusti Yesus, gesang
ingkang wanuh lan mbangun sesambetan ingkang “mesra” kaliyan panjenenganipun.
Kanthi mekaten kita sedaya minangka umat kagunganipun Gusti badhe ngraosaken
bentenipun gesang minangka umat kagunganipun. Kita sedaya minangka umat
kagunganipun Gusti badhe tansah nggadahi paseksi ingkang maedahi tumraping
sesami. Semanten ugi nalika kita sami nampi bujono suci, sakramen bujono punika
alat (sarana) ingkang kaparingaken dening Gusti tumrap kita. Tumrap kita
ingkang kanthi estu ngayati pakaryanipun Gusti Yesus. Kados ingkang kaserat ing
Pokok-pokok Ajaran GKJ (Dogma GKJ) pitakenan nomer 136 Sakramen bujono
katindakaken minangka pangrimating iman dhateng pasamuwan supados pasamuwan
tansah ngengeti dhateng Gusti Yesus ingkang sinalib, ngengetaken dhateng
pasamuwan bilih kita sedaya punika minangka brayating Gusti lan ngengetaken
kasampurnaning prasetyanipun Gusti Allah.
Para kinasih
Mila sumangga sesarengan kanthi manah ingkang
keduwung lan estu nyawisaken diri anggen kita badhe nampi sakramen bujono.
Supados mboten namung ngraosaken roti ingkang manis ing tutug lan anggur
ingkang nyegeraken (anget) badan. Ananging lumantar roti lan anggur saged
ngraoken saestu bilih Gusti ngiyataken lan ngagem kita dados seksinipun. Amin.
Cathetan:
Bahan Punika kaagem kangge pendadaran sakderengipun nampi Sakramen bujono
No comments:
Post a Comment