Friday, January 20, 2017

Rahayu Ingkang Kaapura Panerake

Firman : Mazmur 32:1-6

Pasamuwan ingkang kinasih
            Ing sauruting gesang, kita temtu nate ngalami lan ngadhepi satunggaling perkawis ingkang njalari raos lepat (perasaan bersalah). Sesambetan kaliyan perkawis punika wonten satunggling tiyang ingkang nami Sarah Winchester. Piyambakipun gesang ing California–Amerika, lan manggen ing griya warisan ingkang ageng sanget. Griya warisan punika gadahanipun marasepuh ingkang nggadahi perusahaan bedhil (senapan) rakitan ingkang kawentar nalika semanten.
            Lumantar warisanipun marasepuh, piyambakipun mboten nate malih ngraosaken kekirangan. Ananging piyambakipun ngraosaken lepat lan dosa njalari tuwuhing raos ajrih menawi sawekdal-wekdal badhe dipundhatengi dening tiyang-tiyang ingkang pejah awit bedhil rakitan ingkang kadamel dening brayatipun punika. Raos dosa lan ajrih punika lajeng nuwuhaken pamikiran. Hing pamikiranipun, supados arwahipun tiyang ingkang sampun pejah mboten manggihi piyambakipun menawi griya punika dipunrenovasi (dibangun). Mila renovasi griya punika kawiwitan saben dinten selaminipun 38 tahun.
Kados pundhi wujuding renovasi tumrap griya punika?
Lawang-lawang ingkang kathah punika wingkingipun dipun tutupi tembok; Andha ingkang nyambetaken antawisipun tingkat setungal lan tingkat sanesipun mboten dipundamel gandheng, cendhela-cendhelanipun ugi dipun tutup rapet supados mboten saged dipunbikak. Kamangka griya ingkang nggadahi 160 ruangan, 48 ruang kangge ngangetaken badan (perapian), 8 jogan kabangun ing tanah ingkang wiyaripun watawis 3 hektar. Hing Taun 1922, Sarah tilar donya ing umuripun ingkang ngancik 85 tahun, griya punika sampun nggadahi 10.000 cendela lan 2000 lawang. (sumber: http://gerryindrapratamaatje.blogspot.co.id/2013).
Punapa lajeng Sarah Winchester ingkang ndelik ngantos 38 tahun ing salebeting griya ageng ngraosaken tentrem lan uwal saking raos lepat lan dosa?
Para kinasih
Punapa ingkang dipunraosaken lan ingkang dipunlampahi dening Sarah ngantos dumugi pejah…punika ugi ingkang dipunraosaken dening Dawud ing waosan wekdal punika. Bentenipun,  Prabu Dawud mboten mbangun tembok, mboten ndamel candela ingkang angel dibikak, ananging ngraos-raosaken perkawis punika ing alandhesan pitadosipun dhumateng Gusti. Temah nggadahi pangaken :
“Rahayu wong kang kaapura panerake, kang dosane kaaling-alingan! Rahayu wong kang durakane ora kaetang dening Yehuwah, sarta kanga tine ora kadunungan cidra!”
            Rahayu….menawi kita saged uwal saking raos lepat lan dosa. Namung, temtu punika perkawis ingkang mboten gampil. Awit tumindak ingkang njalari raos lepat lan dosa punika mboten badhe saged kasupekaken, dipun ewahi punapadene dipunicali ing manah lan pangangen-angen. Ananging menawi raos lepat lan dosa punika namung kakendelaken utawi malah dipuntutupi kadosdene Sarah kalawau ugi malah sangsaya metek manah lan kapitadosan. Prabu Dawud paring pitedah lan tuladha dhumateng kita sedaya, raos lepat lan dosa punika kedah dipunakeni, kabuki (ayat 5a – Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula mboten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,”).
            Kenging punapa kita kedah ngakeni dosa lan kalepaten ing ngarsanipun Gusti? Awit Panjenenganipun ingkang kersa paring pangapunten tumrap sedaya dosa lan kalepatan kita. Panjenenganipun ingkang asih mirma, senadyan manungsa sampun nerak paugeranipun Gusti ananging, Panjenenganipun tetep nresnani umatipun. Malah kados ingkang kapangandikakaken ing ayat 6 “Paduka ingkang dados pasingidan kawula, Paduka nebihaken kawula saking karibedan, Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak.”
Awit saking punika pasamuwan kagunganipun Gusti
Salebeting kita nglampahi gesang taksih kepambeng lan kapethek ing raosing dosa lan kalepatan awit pancen panerak kita, sumangga kita purun ngakeni lan mbuka manah nyuwun pangapunten dhumateng Gusti. Punapa malih kita badhe nampi sih katresnanipun Gusti ing salebeting kembul bujana mengeti sangsara, seda lan wungunipun Gusti. Sumangga ing wanci punika kita sami ngucap:

“ Gusti Allah…kawula tiyang dosa, asring nerak paugeran Paduka, kawula asring mbalela. Ananging dhuh Gusti kawula lingsem lan ngakeni panerak, dosa lan duraka kawula dhumateng Paduka. Kawula nyuwun, supados supados ing salebeting pecawisan bujana punika, Paduka kersa paring pangapunten lan ngiyataken kawula supados saged ngawonaken patraping dosa ing tumindak kawula.”  Amin

No comments:

Post a Comment

SINOPSIS FILM RISEN

"Risen" adalah sebuah film yang mengisahkan tentang peristiwa kebangkitan Yesus Kristus dari sudut pandang seorang tentara Romawi ...