Tuesday, January 3, 2017

Wong Cilaka Aku Iki

Firman  : Rum 7:13-26

Pasamuwan Ingkang Kinasih
Nalika Marthin Luther taksih dados Rahib, piyambakipun nate njalari anyel Rama ingkang ngladosi pangakening dosa. Kenging punapa? Awit mboten kadosdene Rahib sanesipun ingkang sami ngakeni dosa namung mbetahaken wekdal 5-10 menit, Marthin Luther ngakeni dosa ngantos dumugi 6 jam tanpa leren. Punapa ingkang dados isining pangakening dosa ngantos semanten laminipun? Marthin Luther ngandikakaken bilih perkawis sesambetan lamphing dosa punika perkawis ingkang awrat lan mbetahaken kawigatosan langkung katimbang perkawis sanesipun.
Punapa ingkang katindakaken lan dados pamikiran Marthin Luther punika, kosokwangsul kaliyan pamikiran tiyang sakpunika. Kathahipun tumindak korupsi, raja pati, ngandhut sakderengipun ningkah, lsp, kados dipunanggep limrah. Perkawis-perkawis ingkang sejatosipun awrat ing sesambetanipun kaliyan lampahing dosa kaanggep biasa mawon dening tiyang jaman sakpunika.
Mila pitakenanipun dhumateng kita sedaya, sepinten anggen kula lan panjenengan sami ngrumaosi bilih kita punika sampun kasade dhateng panguwaosing dosa (ayat 14) ? Dosa punika kagambaraken kadosdene sel Kanker ingkang sesidheman nyebar dhateng sedaya raga kita. Menawi kita daya kita ringkih sangsaya rikat anggenipun nguwaosi badan kita. Rasul Paulus ugi ngakeni bilih piyambakipun mboten kuwaos ngadhepi tumindaking dosa ing dirinipun. Ing ayat 24 Rasul Paulus ngandika : “Wong cilaka aku iki! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehane pati iki?”.
Pasamuwan kagunganipun Gusti
Tumraping Gusti Allah, panguwaosing dosa punika perkawis ingkang mirunggan lan nggegirisi, mila nalikanipun manungsa ingkang sepisanan kinarya, Panjenenenganipun enggal-enggal madosi Bapa Adam lan Ibu Kawa. Kanthi tujuan supados manungsa ingkang sampun dhumawah ing dosa punika mboten risak lan gesang tanpa pangajeng-ajeng. Ing Purwaning Dumadi 3:9 Gusti Allah paring pandangu “Sira ana ing ngendi?”.
Semanten ugi nalika Gusti sampun mbangun sejarahing bangsa Israel lan nemtokaken bangsa punika dados umat pilihanipun, saben-saben Panjenenganipun tansah nggatosaken umatipun supados kawon kaliyan panguwaosing dosa.
Hing puncaking pakaryanipun Gusti Allah, Panjenenganipun ngutus kang Putra supados ngrembat panguwaosing dosa. Tujuanipun supados manungsa kapulihaken malih gesangipun lan sesambetanipun kaliyan Gusti Allah.  Awit selaminipun umat ingkang pinilih dipun tuntun lan dipunwulang dening Gusti Allah lumantar pangandika lan paugeranipun tetep mboten saged uwal saking panguwaosing dosa. Mila menawi kita gatosaken kanthi estu, Si DOSA punika pancen saestu nggegirisi tumrap gesanging manungsa kalebet kula lan panjenengan.
Perkawisipun, senajan kula lan panjenengan sampun katedahaken bilih SI DOSA punika nggegirisi , ananging punapa kita ugi ngakeni bilih dosa punika pancen nggegirisi? Jawabanipun punika kados ingkang kaserat ing ayat 22 lan 23 “Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah, nanging gegelitaning badanku kadunungan angger-angger liya kang narungi angger-anggering akal budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggere dosa kang dedunung ana ing gegelitaning badanku”
Amargi kawontenan ingkang mekaten mila Rasul Paulus kalawau ngandika : wong cilaka aku iki!
Puji Sokur kedah tansah kita aturaken dhateng Gusti, inggih awit katresnanipun dhumateng kula lan panjenengan, Gusti Allah kersa ngutus kang Putra supados paring kanugrahan kawilujengan sejati temah kita sami nampi gesang langgeng. Senajan ing sauruting lampahing gesang kita ing jagad punika mbudidaya murih gesang suci perkawis ingkang mboten gampil. Lumantar Sang Kristus Yesus kita sami nampi prasetyan langgeng ingkang mboten saged malih dipunrebat dening panguwaosing dosa.
Namung perkawisipun, sepinten anggen kita nggadahi pakering dhumateng pangurbanipun Gusti Yesus lan mbudidaya njagi kasucening gesang tumrap samukawis perkawis ing gesang kita?
Sumangga lumantar pecawisan ing bujono suci punika kita estu nggetuni lampahing dosa kita lan nyuwun pitulunganipun Gusti supados kita ugi nggadahi pangaken kadosdene pangakenipun Rasul Paulus, ayat 25 “Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.”

Amin.

No comments:

Post a Comment

SINOPSIS FILM RISEN

"Risen" adalah sebuah film yang mengisahkan tentang peristiwa kebangkitan Yesus Kristus dari sudut pandang seorang tentara Romawi ...