Waosan : Jabur 107:1-3, 17-22
Para Kinasih ing patunggilanipun Gusti
Punapa panjenengan sedaya taksih
kemutan nalika kalawau enjing tangi saking patileman: suku ingkang sisih kiwa
punapa ingkang sisih tengen ingkang langkung rumiyin obah? Nalika suku utawi
badan sanesipun saged obah, punapa kita ugi lajeng kemutan dhateng Gusti Allah
lan ngucap sokur dhumateng Panjenenganipun?
Ngucap sokur katedahaken mboten
namung nalika kita sami nampi berkahipun Gusti ingkang karaos ageng lan
ngedap-edapi kemawon, ananging ugi ing bab-bab ingkang prasaja lan saben wekdal
katindakaken ing gesang kita. Menawi kita saged ngucap sokur ing bab mekaten
mesthi kita sami badhe tansah kasagedaken ngaturaken panuwun ing sadhengah
kawontenan ingkang pinanggih.
Gusti Allah punika asih mirma,
sihipun tansah lumintu ing gesanging umat kagunganipun kalebet kula lan
panjenengan saben-saben wekdal. Punapa malih lumantar pakaryan kawilujengan
ingkang sampun kaparingaken dhateng umat kagunganipun. Kita sami nampi gesang
ingkang kebak ing pangajeng-ajeng lan kabingahan. Mila pantes menawi kula lan
panjenengan bilih gesang ingkang kita lampahi kedah kinanthi pangucap sokur
dhumateng Gusti.
Para kinasih
Juru Mazmur ngajak umat
kagunganipun Gusti nanggepi pitulungan lan kawilujengan ingkang kaparingaken
kanthi ngaturaken pangucap sokur dhumateng Panjenenganipun. Iman kapitadosan
ingkang dados landhesaning gesang umat kagunganipun kedah kawujudaken ing
salebeting kasanggeman nyariosaken pakaryanipun Allah kanthi pepujen (ngriyaya
gesang ing saben wekdal).
Jabur bab 107 punika kalebet
Mazmur ingkang kaserat nalika bangsa Israel wangsul saking tanah pangawulan
Babel, lan mazmur punika minangka pepujen umat kagunganipun Gusti. Ingkang
isinipun arupi pangucap sokur awit sih kanugrahanipun Gusti ingkang sampun
tinampi. Umat kagunganipun Gusti ingkang nembe wangsul saking tanah pangawulan
kaajak sami ngucap sokur.
Juru Mazmur ngengetaken dhateng
umat kagunganipun bilih, bangsa punika bangsa ingkang nembe katebus dening
Gusti Allah saking kawontenan ingkang nggegirisi. Saking waosan punika kita
saged ningali sekawan conto ingkang kaserat inggih punika :
- Bilih Gusti Allah ingkang tansah nggatosaken gesangipun umat saking panandhang-panandhang ingkang awrat (ayat 4-9)
- Gusti Allah sampun ngluwari saking gesang ingkang dipunkuwaosi dening pangawulan (ayat 10-16
- Gusti Allah ugi ingkang sampun mangsulaken kawontenaning gesang bangsa ingkang nampi pageblug penyakit lan sami badhe tiwas (ayat 17-22)
- Semanten ugi Gusti Allah ingkang sampun ngluwari saking bencana angina lesus (23-32)
Perkawis-perkawis ingkang
dipunalami dening bangsa Israel nalika semanten punika sejatosipun ugi kita
adhepi wekdal punika. Kathah perkawis ingkang njalari kita kapetek, kalindih
lan ngraosaken panandhang awrat. Namung Puji Gusti awit sih katresnanipun Gusti
Allah lumantar pangurbananipun Gusti Yesus, sedaya punika dipunluwari.
Malah kepara ing dinten-dinten
ingkang sampun kita lampahi ing gesang saben wekdal, pangrimatipun Gusti Yesus
mboten nate nilar kula lan panjenengan. Pramila, nalika sakpunika kita sami
katimbalan cecawis ndadar badan kita piyambak-piyambak sakderengipun nampi
sakramen suci. Kita perlu paring pitakenan dhateng diri kita sacara pribadi,
punapa kita tansah ngucap sokur dhateng Gusti Allah ing sadengah kawontenan
ingkang dipunadhepi?
Puji
Gusti, awit ing wekdal punika kita sami cecawis badhe sesarengan ngriyaya malih
Pakaryanipun Gusti lumantar sakramen bujono ingkang badhe kita tampi
sesarengan. Kita kedah ngucap sokur awit nyatanipun ngantos dumugi wekdal
punika Gusti Allah tansah nresnani kula lan panjenengan, senajan tumindaking
gesang kula panjenengan asring cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Kita kedah
atur panuwun awit senajan kita kebak cidra, ananging Panjenenganipun tansah
nampi kita dados umat kagunganipun. Semanten ugi kita kedah wantun ngakeni
kekirangan kita ing ngarsanipun Allah supados pecawisan lan pambujanan suci
ingkang sampun kacawisaken estu dhatengaken kanugrahan tumrap gesang kula lan
panjenengan. Amin.
No comments:
Post a Comment