Friday, January 20, 2017

Wedi Asih Marang Gusti Allah

Firman: Wulan Bebasan 14:26 ”Ing sajroning wedi asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.”

Pasamuwan kagunganipun Gusti

Wulan ngajeng punika wulan oktober. Miturut kalender kegiatan Sinode GKJ, wulan Oktober punika kegiatan wulan brayat semanten ugi kita sami katimbalan kembul bujono. Lumantar kegiatan punika kula lan panjenengan ingkang gesang ing satengahing brayat kaengetaken gesanging bebrayatan miturut kersanipun Gusti Allah. Lumantar kegiatan punika kita kaanyaraken malih janjining neningkahan ingkang nate kita tedahaken nalika miwiti bangun brayat. Kita sami kaajak ngraos-raosaken malih kadospundhi kedahipun kita nglampahi gesang minangka brayat kagunganipun Gusti ing tanggeljawabipun. Mila supados kita ngrumaosi kanthi lebet bab bangun brayat miturut kersanipun Gusti, kita perlu ngakeni kalepatan selaminipun kita mbangun brayat. Kinten-kinten kalepatan punapa ingkang asring katindakakaken dening brayat kula lan panjenengan
  1. Minangka jejering Semah kaliyan garwa mboten sami ajen-ingajenan, sabendinten sami regejegan. Gesanging katresnan ingkang kedahipun katuwuhaken sabenwekdal malah sangsaya luntur lan risak. Ingkang jaler asring nglepataken ingkang estri, kosokwangsul ingkang estri mboten saged njagi naminipun ingkang jaler.
  2. Mboten saged dados tuladha dhateng anak-anak ing bab tetembungan, sikap lan ing lampah.
  3. Namung nengenaken kajasmanen katimbang karohanen. Awis-awis ngajak brayatipun sowan dhumateng Gusti dadosa ing mesbyahing brayat punapadene ngibadah ing satengahing pasamuwan.
  4. Mboten saged njagi kasucening brayat, ing bab njagi sesambetan antawisipun semah lan garwa, tiyang sepuh dhateng anak-anakipun.
  5. Anak-anak sami wantun kaliyan tiyang sepuhipun lan negakaken gesangipun tiyang sepuh.
  6. Senajan sampun bebrayatan taksih namung nengenaken karemenanipun piyambak katimbang karemenaning brayat. Karemenan ingkang njalari nglirwakaken tanggel jawab nggatosaken brayatipun, lsp.
  7. Mboten purun ngrampungi perkawis-perkawis ingkang dipunadhepi dening brayat kanthi sesarengan, ananging malah nglepataken semahipun utawi garwanipun.


Kamangka janjining ningkah kula lan panjenengan ngandikakaken ingkang mekaten : (Janji Nikah Kawaos kanthi intonasi kang cetha lan mboten kesesa)

Wonten ing ngarsanipun Gusti Allah tuwin Pasamuwan Kristen ing ngriki, kula ngakeni bilih .......................menika sèmah kula, peparingipun Gusti Allah. Kula prajanji badhé tansah nresnani lan mitulungi, sarta badhe tansah setya tuhu ing salebeting bingah menapa déné sisah, netepi kuwajibanipun tiyang (jaler/estri) ingkang utami. Kula lan sémah kula badhé tansah ngabekti dhateng Gusti Allah, lan gesang suci kanthi netepi Pangandikanipun.

Janji Nikah punika janji ingkang kaprasetyakaken ing ngarsanipun Gusti Allah tuwin pasamuwanipun Gusti. Kanthi mekaten anggenipun mratelaken janji lan nindakaken janji punika kedahipun tansah kinanthenan ajrih asih dhumateng Gusti Allah. Raos ajrih asih dhumateng Gusti punika tuwuh nalika tiyang ngrumaosi bab kasucen, kaadilan lan kayektenipun Gusti Allah. Temah piyambakipun mbudidaya ngeneraken gesangipun dhumateng Gusti kanthi raos pakering. Saben wekdal njalari ing salebeting pambudidayanipun, kepingin supados mboten ngantos nguciwani gesangipun, gesanging tiyang ingkang dipuntresnani lan dhumateng Gusti Allah.

Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti
Raos ajrih ingkang mekaten kedah ugi dados landesan gesanging brayat kagunganipun Gusti.
  • Kanthi ajrih asih dhumateng Gusti, tiyang jaler lan tiyang estri minangka jejering semah lan garwa badhe tansah mbudidaya tanggel jawabipun miturut kersanipun Gusti, samidene tansah silih asih, silih asuh lan silih asih miturut pangandikanipun Gusti.
  • Kanthi  ajrih asing dhumateng Gusti, tiyang sepuh tansah mbudidaya nggatosaken anak-anakipun senadyan kedah sengkut nyekapi kabetahan. Nggatosaken ing bab kajasmanenipun mirunggan ing bab karohanenipun. Mbudidaya dados tuladha dhateng para lare.
  • Kanthi ajrih asih dhumateng Gusti kados ingkang kapangandikaken ing wulang bebasan 14:26 ”Ing sajroning wedi asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.”

Kanthi tembung sanes, brayat ingkang ajrih asih dhumateng Gusti punika brayat ingkang tansah nindaken katetepaning pangandikanipun Gusti ing gesang saben wekdal.

Menawi mbokbilih ngantos sepriki kita taksih sengaja utawi tanpa sengaja nglirwakaken tanggel jawabing brayat, lan menawi brayat kita taksih dereng nindakaken katetepaning pangandikanipun Gusti ing gesang saben wekdal, sumangga sesarengan lumantar timbalanipun Gusti ing pendadaran punika  sesarengan kita ngakeni kalepatan kita. Sinambi nyenyuwun dhumateng Gusti supados kasagedaken langkung malih nresnani gesanging brayat miturut kersanipun Gusti.



Amin

No comments:

Post a Comment

SINOPSIS FILM RISEN

"Risen" adalah sebuah film yang mengisahkan tentang peristiwa kebangkitan Yesus Kristus dari sudut pandang seorang tentara Romawi ...