Thursday, November 29, 2018

AKU NATE ANGON

Nalika umurku isih 10 tahun, aku wis njaluk bapak supaya nukokke wedus. Aku pingin koyok tonggoku yo kancaku sekolah sing angon wedus saben sore bubar rampung sekolah. Wektu semono, bapak ora kersa maringi opo sing dadi panjalukku, amarga panjenengane eman marang aku uga amarga yo pancen bapak durung sanggup tuku cempe.
Kanggo ngobati rasa kuciwaku, biasane manawa wektune wis sore aku pamit karo bapak-ibuku arep arep ngancani angon karo kancaku. Senadyan mung ngancani angon, ananging aku malah dadi ngerti lan ngrasakke bungah lan rekasane angon wedus.
Bungah amarga, anggone angon ono ing ara-ara suket kang isih akeh wektu semono, amarga neng sacedhakke sawah lan tanah kang amba. Anggere tekan nggone wedus mangan, aku karo kancaku njur dolanan. Dolanan sing daklakoni wektu semono werna-werna. Biasane, penekan uwit karo nyanyi-nyanyi, nek ora menek uwit "asem londo" sing manis rasane. iku gambare

  

Opo maneh nalika uwohe asem londo pas wis padha mateng, sing menek ora mudhun-mudhun. Jaman semono ngertine mung rasane enak, senadyan pange akeh erine. Bareng saiki jaman internet dadi ngerti tibakke asem londo akeh khasiate.

Kadangkala menawa wis bosen penekan wit asem londo, biasane aku karo kancaku do nggawe wayang saka pange godhong wit pohung. Elok yo atase cah cilik iso nggawe wayang pang pohung. Ojo salah, simbah-simbahku wektu semono isih podho sugeng lan ora pelit ngajari nggawe wayang saka pange pohung. iku gambare.

Aku isih kelingan menawa mbahe nek ora pakdhe neng sawah, mesthi leren neng sacedhakke uwit pohong banjur methisi pange wit pohung bar iku karo ngandika "kowe gelem ora takgawekke wayang pange pohung?" aku mangsuli "purun mbah". Senengku banget amarga simbah ora mung menewi wayang pange pohung sing wis dadi ananging uga ngajari. Mulane aku dadi iso (senadyan saiki wis lali). Gayeng banget jaman semono, menawa wis dadi wayange, aku karo kancaku banjur main wayah karo gegojekan lan ngguyu ngakak.

Biasane manawa wis marem sing dolanan, diteruske ngarit supaya wedhuse ora kaliren manawa bengi njaluk mangan. Suwe-suwe mbokmawa amarga aku sering melu angon karo kancaku; bapakku nukokke cempe wedhus. Wektu semono saka wedhus 1 nganti duwe wedus lima.
Manawa kelingan jaman isih cilik lan angon bebarengan karo kancaku, aku dadi kelingan nek aku nate Angon Wedus.

No comments:

Post a Comment

SINOPSIS FILM RISEN

"Risen" adalah sebuah film yang mengisahkan tentang peristiwa kebangkitan Yesus Kristus dari sudut pandang seorang tentara Romawi ...