Sunday, December 2, 2018

NGLURUK TANPA BALA, MENANG TANPA NGASORAKE

Pitutur jawa "Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanpa Ngasorake, Sekti Tanpa Aji-Aji, Sugih Tanpa Bandha" tegesipun ing bahasa Indonesia Berjuang tanpa perlu membawa massa; Menang tanpa merendahkan atau mempermalukan; Berwibawa tanpa mengandalkan kekuasaan, kekuatan; kekayaan atau keturunan; Kaya tanpa didasari kebendaan.
Pitutur punika ing jaman samangke kedah taksih dipungatosaken supados gesang lan panggesanganipun para tiyang ingkang nggadahi kalenggahan, nggadahi panguwaos, punapadene nggadahi raja brana mboten ngegung-ngedungaken panguwaosipun, utawi kalenggahanipun punapadene rajabranipun. Awit menawi mekaten boten badhe njalari tuwuhing sesambetan ingkang nengsemaken, mboten badhe njalari tuwuhing raos ajen-ingajenan lan mapanaken manungsa sanes kados dirinipun ingkang sami ing ngarsanipun Gusti Allah.
Kamangka ing piwulang agami punapa kemawon mesthi mulangaken bilih manungsa punika ing ngarsanipun Gusti sami kemawon. Lair ing jagad mboten ngangge punapa kemawon lan nilar jagad ugi mboten badhe mbeta punapa kemawon.Sedaya sami ing ngarsanipun Gusti Allah.
Pancen perkawis punika dipunmangertosi dening saben tiyang, ananging kasunyatanipun mboten mekaten. Wontenipun drengki, srei, kumeren, tumindak culika, mendhet barang ingkang boten darbekipun, nggadahi rancangan kangge nyingkiraken tiyang sanes, mejahi tiyang sanes, punika kados-kados sampun dados bumboning gesang ingkang kita prangguli saben wekdal.
Sakpunika ingkang perlu dados pitakenan kita sacara pribadi, kadospundhi supados kita sami taksih saged nedahaken tumindak kadosdene pitutur jawi alandhesan piwulanging agami kita piyambak-piyambak? Supados gesang kula panjenengan tansah kebak ing pirukun lan katentreman.

Ingkang sepisan, tansah nggadahana raos lan purun rumaos bilih piyambakipun punika kalairaken boten sami kadosdene sanesipun. Gusti Allah mboten akarya manungsa sami setunggal lan setunggalipun, Panjenenganipun nggadahi kersa ingkang langkung adi nglakungi cupeting nalar manungsa. Gusti Allah piyambak ingkang ngersakaken wontenipun manungsa ingkang awatak beda-beda. Mangertos dirinipun lan purun nampi diri punika miturut kula bab wigati ing gesanging manungsa, supados tiyang punika saged nampi kawontenanipun kanthi prayogi, temah saged nampi sesami ugi kanthi sae.

Ingkang kaping kalih, langkung penet anggenipun ngudi piwulanging agami, mirunggan sesambetan kaliyan Gusti Allah. Awit senajan sampun apil ayat-ayat suci, lan budidaya ngamalaken piwulanging agami dereng kantenan kita pepanggihan langsung lan mangertos kanthi sampurna kersanipun Allah.

Ingkang kaping tiganipun, sinau ngucap sokur bab sabarang kang tinemu, nalika kaparingan berkah langkung kedah ngaturaken panuwun semanten ugi menawi nembe karaos kirang kedah ugi ngaturaken pangucap sokur. Kenging punapa kedah ngaturaken pangucap sokur? supados kita enget bilih rajabrana, kalenggahan, lan punapa kemawon ingkang kaparingken punika namung titipan saking Gusti Allah.

Kula kinten tigang perkawis punika kemawon ingkang perlu dados kawigatosan supados kita saged nglampahi gesang kados ingkang kinersakaken ing pitutur jawa Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanpa Ngasorake, Sekti Tanpa Aji-Aji, Sugih Tanpa Bandha

Monggo para kadang, kita sedaya kagunganipun Gusti, lampahing gesang kita ugi kedah kados kersanipun Allah. Kaparingan kasaenan supados kita sami kasagedaken nglairaken kasaenan








No comments:

Post a Comment

SINOPSIS FILM RISEN

"Risen" adalah sebuah film yang mengisahkan tentang peristiwa kebangkitan Yesus Kristus dari sudut pandang seorang tentara Romawi ...